Minggu, 18 September 2016

GEGURITAN


Kaanggit dening Sari Apriyanti Mukarromah



JERAWAT

Jerawat..
wujudmu cilik, werno Abang
Uripmu neng sembarang papan
Ora mikir wong mlarat utawa sekarat

Yen tak pijet gawe raiku pucet
Nanging yen tak jorna sengsaya rapet
Di pencet siji, mentune papat
Gawe pikiran tambah mumet

Duh gusti, kula nyuwun pangestu
supaya jerawat pada minggat saka raiku
sewu niat neng atiku, kabeh cara tak lakoni
asal.. awakmu minggat saka uripku 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar